Загрузка страницы

Ki Timbul Hadi Prayitno - Dayanipun Cangkok Wijayamulya

Salam budaya, Potret Wayangku
Rebo Wage, 22 Dulkaidah taun Alip 1955

Kacarita ing Sumur Jalatunda, Sanghyang Nagaraja sarta Dewi Pertiwi diadep ingkang wayah Raden Setija, sedyanipun Sitija badhe madosi sudarmanipun kangge pratanda bilih punika putra Bathara Wisnu lajeng kaparingan Sekar Cangkok Wijayamulya.
Rumiyin pusaka punika kedadosan saking talingan nipun Gajah Wisnubadra (panjalmanipun Bathara Wisnu) ingkang daya nipun yen wonten tiyang pejah menawi diungkuli sekar punika saget gesang malih.

Lampahipun Raden Setija turut kisiking segara, pinanggih kuwandane dara, sona, ancak bubrah, wong-wongan sarta teken. Raden Setija badhe cobi dayane Sekar Cangkok Wijayamulya lajeng den ungkuli kuwanda wau lajeng saget waluya jati nanging sedaya dados sipating gandarwa.

Kados pundi cariyos jangkepipun ?, sumangga Sugeng midangetaken...😁👍

Kapustakan :
* kapethik saking rekaman audio ringgit wacucal Ki Timbul Hadi Prayitno lampahan Sitija takon bapa.
* Gambar ringgit Bathara Nagaraja koleksi KITLV.
* Gambar ringgit putren, Antareja Nem (nyuwun pangaputen kula ampil dados paraga Setija nom) koleksi ringgit Fak.Filsafat Ugm, foto koleksi Bpk.Sindhung C.
* Gambar ringgit sekar koleksi foto alm Bpk.Agus Wiyarto.

Bok bilih kathah kalepatanipun nyuwun pangaputen lan kersa paring panyaruwe ingkang prayogi.
Semoga bermanfaat 🤓,
Matur nuwun
Thanks for watching

Видео Ki Timbul Hadi Prayitno - Dayanipun Cangkok Wijayamulya канала Potret Wayangku
Показать
Комментарии отсутствуют
Введите заголовок:

Введите адрес ссылки:

Введите адрес видео с YouTube:

Зарегистрируйтесь или войдите с
Информация о видео
22 июня 2022 г. 18:30:10
00:15:31
Яндекс.Метрика